AKSARA JAWA: SASTRA SRIWEDARI

Salah siji cara panulisan utawa pedoman nulis aksara jawa yaiku aran “Sastra Sriwedari”. Panulisane wis ditemtokake bareng-bareng suwi sakdurunge jaman Indonesia merdeka, yaiku tahun 1924. Catetane ana babagan cilik sing kudu dirembug maneh. Mupakat kuwi kasile kerja saka komisi bentukan salah sawijining kongres sing digelar rong tahun sadurunge, Oktober lan Desember 1922, ing Sriwedari, Surakarta (Solo).

Kongres 1922 ditekani pirang-pirang perserikatan. Ana perserikatan dwija kayata: Normaalschool dan Kweekschool, pejabat pamarentah, Balai Pustaka, uga perwakilan papat keraton Mataram (Kasunanan, Kasultanan, Mangkunegaran, Pakualaman). Ana uga perserikatan basa Jawa, kayata: Nitisastra, Kridhabasa, Kridhasastra, Garapbon, Mardibasa, lan Paheman Radya Pustaka. Mupakat ngenani wawaton (pedoman) nulis aksara Jawa iki sing jaman mburi-mburi/ jaman anyar lumrah diarani “Sastra Sriwedari”.

Sastra Sriwedari salah siji prakarsa utawa capaian sing apik banget. Bayangna, sakjoke jaman biyen, kang diarani panulisan aksara jawa  sing nyawiji, kuwi iku durung nate ana. Apa maneh, panulisan kang kang ora sragam ing papating keraton Mataram kuwi malah dianggep (didhuwurne) nalika ikon adiluhung sarta unikum utawa ciri kas e dewe-dewe saengga perlu dilestarekna. Saking kas e, unikum panulisan aksara Jawa kuwi sampek kena dingge niteni tarikh lan utawa panggon asale naskah utawa manuskrip anonim kuna. Ringkese, standar panulisan sing kudu ditrepke dening para panulis Jawa pancen durung ana nganti wiwiting abad XX. Ya wiwitane abad XX kuwi, kesadaran bebareng kepriye bisa ngecakne wewates panulisan aksara Jawa, thukul sairing pepinginan majokne bangsa lan nasionalisme rakyat Hindia-Belanda: sawijining peran wigati sing dilakokna dening budaya.


Komisi Ageng. Web : sastra.orgg

Komisi Kongres 1922 ketuane Wuryaningrat, salah sawijine aktivis-nasionalis sing gigih putrane (paling sepuh saka garwa kasiji) Patih Sasradiningrat IV sing dipundhut mantu karo Pakubuwana X. Komisi Kongres uga misuwur diarani “Komisi 10 Golongan” utawa “Komisi Besar” (Komisi Ageng). Wuryaningrat minangka sosok wigati nalika wiwit-wiwitane pergerakan nasionalisme Indonesia. Putu Pakubuwana IX kuwi nate dadi Ketua Boedi Oetomo pirang-pirang periode, uga dadi Ketua Partai Indonesia Raya sabubare dijabat dening Dokter Soetomo.

Sumber: sastra.org 

GOLEKANA WOS (INTI) WACAN ING NDUWUR BANJUR GARAPEN GLADHEN ING NGISOR IKI!

GLADHEN WACAN AKSARA JAWA : "SASTRA SRIWEDARI"

YEN ANA SING KURANG NGGENAH, TAKONA ING KOLOM KOMENTAR <3

Komentar